Selamat Datang Teman







Tempat belajar dan Berbagi tentang segala hal yang bisa menambah pengetahuan kita.

Minggu, 01 Juli 2012

SARNO

                    Jago kluruk keprungu ambal kaping telu naliko sarno tangi soko anggone turu, tangane grayah-grayah goleki senter kang ono mejo sanding peturone.  "Byar...cemlorote senter madangi kamar kang dienggo turu sarno. Age-age sarno menyat soko peturone lan tangane ngranggeh saklar kang ono pojok kamare. Jam dinding nuduhake ongko loro kliwat limang menit nandakake yen deweke delo engkas kudu siap-siap menyang pasar.   Yo wis dadi adat saben dinane sarno kudu mruput menyang pasar dodolan janganan utowo sayuran kang wis di jupuki dening bakul-bakul dadi sarno menyange kudu mruput, Mergo nek nganti kawanan bakul-bakul wis podo njupuk dening juragan kang luwih gedhe, Malah keporo diseneni dening bakul kang tansah njupuk dagangane mergo kecelik. Yo dadi bakul ngono kudu tansah pinter ngaten-ateni wong tuku ben ora mlayu tuku wong liyo,ngono kuwi mbahne sarno tansah ngandani.  Bali soko pasar biasane udokoro jam wolu esuk trus adus lan reresik sak kiwo tengene omah kadangkolo yo dolan menyang kancane yen ra ngantuk.   Sarno ngono bocahe isih legan durung duwe bojo dadi yo isih seneng dolan-dolan karo kancane,   Awit cilik sarno melu karo mbahne,  Kabeh kabutuhane sarno dicukupi dening mbahne soko sekolah nganti tekan lulus stm dadi yo wis koyo wong tuwone dhewe.  Wong tuwone ngono wis mati awit sarno isih bayi amargo kecelakaan bis kang ditumpangi. Bakdo dhuhur kiro-kiro jam loro sarno mangkat menyang talun kulakan sayuran kang bakal didol esok, Yo mergo nang talun sayuran isih murah mergo soko petani langsung ra peduli kudu numpak motor sak jam suwene anggone tekan. Talun ngono daerah sak kuloning gunung merapi keporo malah lerenge.

                   Age-age sarno menyang sumur raup wudhu lan sholat, Banyu padasan kang anyes njalari ilang ngantuke lan age-age sarno nyiapake pit motore kang wis dimomoti krombong kebak dagangan. "hem...rasane wengi iki bedo ora koyo biasane, pambatine sarno. Suworo manuk glatik lan asu keprungu lamat-lamat nambahi atise wengi.   "Malem seloso kliwon pambatine sarno, Banjur kelingan critane konco lan uwong-uwong jare nek malem seloso kliwon utowo jumat kuwi akeh bangsane jin,demit lan lelembut podo ngetok sesobo.   "Ah...kuwi crito kuno kanggo dongeng bocah cilik yen arep turu, Sarno grundelan dhewe. Pit motor enggal di cengklak lan ora let suwe suwarane pit motore mecah sepine wengi sing kanggo sebagian wong isih lelumban ing samudro pangimpen. Langit katon peteng gumantung mendung kandel, Sajake lintang yo aras-arasen ngetok trimo ndelik ing sakwaliking mego njalari wengi tambah atis.

                   Wulan desember kang jare wong jowo kuwi wulan kang gede-gedene sumber ateges moso rendeng utowo musim udan.  "Ing dalan sarno guneman dhewe,   "mugo-mugo ojo udan batine sarno, Raine sajak ketoro yen anyel amargo saiki malah wis lekas gerimis lan gluduk keprungu saut-sautan. Ora let suwe udan deres kaseling angin tumibo nerjang opo kang diliwati. Karo tingak-tinguk sarno golek papan kanggo ngeyup.  "Gatheel..!! ,Sarno misuh lan grundelan dhewe.  Lamat-lamat soko kadohan katon ono cakruk, Wah kebeneran sarno nyicil ayem, Age-age pit motore dikebut supoyo enggal biso ngeyup nang cakruk iku. Sidane sarno mandek ing ngarep cakruk lan age mlayu mlebu cakruk.    "Motore dieyupke riki mawon wong saget mlebet kok.!!, Sarno njondil lan kaget krungu suworo wanito.  Jebul ing cakruk iku wis ono sik ngeyup luwih disik.   "Nggih bu,eh..mbak sarno gugup mergo kaget.   Mripate durung biso ndeleng kanti premono amargo peteng lan banyu udan. Sak wetoro sarno ngelapi raine kanggo kacu lan nyopot jakete kang klepruh banyu udan.   "Mripate tumuju dening wong wadon kang lungguh ono pojokan,  Nek dikiro-kiro yo umure ora adoh soko dheweke. Selawenan tahun.   "Pun ket wau mbak?,pitakone sarno nglekasi omong.  "Nggih sak wetawis mas, malah niki kok deres mboten terang-terang, Lha mase ajeng tindak pundi?, Semaure wanito iku sajak gapyak.   "Niki ajeng teng peken, semaure sarno.   Ora let suwe sarno lan wanito iku sajak katon akrap ngobrol ngalor ngidul sinambi ngenteni udane terang.    Dasare yo wanito iku duwe rupo kang ayu pakulitane putih lan gapyak maneh njalari priyo ngendi sik ora kepincut,    Semono ugo sarno sik katon seneng ngobrol karo wanito iku.   Udan isih deres meso durung terang kamongko wis seprapat jam sarno anggone ngeyup nang cakruk kuwi.   "Wah mesti garwane seneng sik kakung sregep nyambut gawe, Pangucape wanito iku sajak nggodo sarno.   "Aku ki durung duwe bojo mbak?   , Sampeyan gelem po piye.!,  celatune sarno karo ngguyu.   "Nek gelem piye mas?  semaure wanito iku karo njiwit pupune sarno.    Sik di jiwit yo malah mbales ngrangkul,  Ngerti yen sik dirangkul meneng wae sarno tambah kurang ajar tangane grayah-grayah ing perangan wadi wanito iku.    "Mas njenengan gelem po ngepek bojo aku tenan?  , dumadakan wanito iku kumecap.   "Gelem..!!  , Semaure sarno sajak groyok amergo nalare wis ilang dikuasani dening napsu setan. Diruket kenceng wanito iku meneng wae koyo dene malah pasrah marang opo kang ditindakake sarno, Kanti kebak kanepson sarno grayahi wanito iku sak katogke. Kanti rodo mekso sarno kasil nyopot busono kang dienggo wanito iku.   Badan kang putih dodo kang weweg singset njalari subo-sito toto kromo lan unggah-ungguhing agomo wis ilang kabeh,    Ora trimo semono sarno ugo nyopot klambine dhewe kanti mblejet tanpo awer-awer.     Udan deres lan semiute angin sajak dadi saksi anane wong loro kang tansah ngujo lan ngagung-agungke napsu setan nglanggar normaning agomo.

                   Samar-samar keprungu adzan subuh soko masjid ing deso sanding cakruk iku.   Sarno njondil lan kaget akal sehate wis wiwit kelingan marang opo kang mentas ditumindakake,   Wanito kang wiwit mau diruket lan diarasi sak katogke meneng wae.   Dumadaan gondo bathang ndulek irung sumebar njalari sarno bingung lan tingak-tinguk goleki sumber gondo iku.,   Mripate namatake raine wanito iku lan......Sarno njondil sak rosane lan aga-age ngeculake anggone ngruket wanito iku,   Soko raine wanito iku katon gubras getih kanti gondo kang badeg bathang lan singgate katon pating jepat...   "Weruh kahanan kang koyo ngono iku sarno pucet ndrodok arep mbengok njaluk tulung cangkeme ora muni ming umak-umik blangkemen semono ugo sikile arep njangkah wae ora biso mergo saking wedine.     "Ayo mas jare arep ngepek aku bojo,   dumadaan wanito iku obah lan untune katon pating cringih sajak arep ngruket sarno...Whaaaa.....!!!!!!     ,Pambengok-ing sarno.    

                  Sregege wiwit jumudul ono ing sisih wetan,   Jago kluruk katon gayeng saut-sautan mertandakake yen wis esok.   Koyo adat saben dinane wong-wong deso kentheng ing tlatah kukon progo podo wiwit ngayahi pakaryane dhewe-dhewe ono sik tetanen nang sawah lan ono sik buruh bangunan lan sakpanunggale.   Deso kang katon asri lan ayem tentrem ing sak perenging gunung kuwi dumadakan geger amergo ing sak cedake kuburan lereng gunung ditemokake wong kang mati ono ing ngisor wit ringin kanti wudoh mblejet gulune kroak lan wetenge growong keri separo ususe mbrodol.